Para Rawuh ingkang kinurmatan,
Dina Minggu, 19 April 2009 wanci jam 13.00 – 15.00 aku melu OPP nang Tangerang. Sing sesorah isih nom-noman aran Andre Walters. Akeh paheman anyar kang bisa dak apek lan dak amek. Salah sijine ngenangi wong usaha iku perlu modal. Wong usaha iku mesti duwe risiko, nandang rugi.
Wektu iku Mas Walter, gawe pitakonan lucu: “Sopo sing ra kepengin sugiiiih…? Ngacuuung…..!” Ya pantes wae ra onok sing ngacung. Bareng diwalik pitakonane “Sopo sing kepengin mlaraaaat….?” He he he he, tetep ra ana sing ngacung. Lumrah ya?
Ning terus ngene pangandikane. Kita kabeh iki kudu semangat. Semangat kudu terus dijaga saben dina, sebab semangat iku wujud bekti kita kanggo bapak-ibu. Lho kenapa? Sebab biyen bisa anane awake ndhewe iku ya merga semangate bapak-ibu…. ha ha ha ha… [Uasem ki.... ning ya bener pisan] . Kita kabeh iki hasile wong sukses. Pirang ewu sel ’sperma’ sing rebutan kanggo dumadine kita kabeh? Eeee sing sukses ya sing saiki mbentuk awak-awak iki. Mula kabeh wong iku dhasare sukses. Kenapa dadi ra sukses? Macem-macem. Sing paling gedhe dhewe, merga kita emoh owah. Ngenut thok kebiasaan lawas…
Coba jenengan gatekne pitakonku iki: “Pemetu saben dina pira sing sampeyan kabeh pengini? Sejuta? Rong yuta? utawa luwih?”
Nang kene iki isoh lho sedina-dina oleh penghasilan seyuta nganti 15 yuta. Ning kudu nglakoni syarate. Syarate gampang ana 4 perkara. Sepisan sampeyan kabeh kudu gabung nang bisnis iki. Ping pindho sampiyan kudu gelem sinau, ajar, wis pokoke gelem diajari lan ajar. Ping telu sampiyan kabeh kudu gelem tiru-tiru wong-wong kang wis sukses ing bisnis iki, utawa DUPLIKASI lha njur sing ping papat, sampiyan kudu gelem rawuh nang pertemuan-pertemuan ngene-ngene iki, ben tetep semangat.
Nek sampeyan ora nindakake patang perkara iku, tegese sampiyan kabeh kalah ambek WONG NGEMIS. Lha iya, wong ngemis kae paling mik ngarep-arep oleh sumbangan sak uwong sewu rupiah to? Wis mik sewu ae kudu gelem nyandang pating sranthil, sok-sok ethok-ethok pincang, ethok-ethol wuta. Terus dhedhe sak uwen-uwen, ngathung sak enggon-enggon.
Lha saiki sampiyan kepengin pemetu jutaan sedina, ya mestine luwih semangat ketimbangane wong ngemis to?
Nah, ayo ben ra kalah ambek wong ngemis…. cepet-cepet daftar nang http://www.propbiyang.net/files/aplikasi.xls yuk… tak bantu kabeh to wis…
nuwun,