Pages

PIDATO BAHASA JAWA

Assalamualaikum Wr. Wb.

Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kula bekteni,

Bapak Ibu guru ingkang dahat kinabekten

Raka kelas sanga ingkang kula tresnani.

Pudya puji pudyastuti katur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun angluberaken rahmat sarta hidayah dhumateng kula panjenengan sami.

Raka kelas sanga ingkang kula tresnani ingkang skedhap malih badhe nilaraken bangku pawiyatan ing SMP menika. Awrat sejatosipun kula minangka wakilipun kelas pitu lan kelas wolu anggen kula ngaturaken panampi atur perpisahan saking raka kelas sanga. Awit, raka kelas sanga ingkang sampun kula anggep sedherek piyambak. Samenika badhe oncat saking SMP. Nanging kados pundit malih ingkang sampun kaaturaken wakil raka kelas sanga bilih wonten pepanggihan temtu badhe wonten pepisahan. Jer kula panjenengan sami naming manungsa limrah mboten kuwawa nyelaki pepestening dumadi.

Raka kelas sanga, kula ngraosaken bingah dene panjenengan sampun kasil medal saking SMP menika kanthi nganthongi ijasah, saengga kula boten kuwawa nggondheli malih anggen panjenengan nglajengaken pasinaon wonten SMA.

Raka kelas sanga igkang kula tresnani, kula sakanca tansah ngatuaken sewu matur nuwun panjenengan kersa paring pitedhah dhumateng rayi kelas pitu lan kelas wolu. Kula sakanca boten saged atur pinwales menapa-menapa naming atur pudya pudyastuti wonten ngarsane Penmgean mugi sedaya kesaenan panjenengan angsal pinwales ingkang samurwat saking Gusti Ingkang Murbeng Dumadi. Mugi-mugi ingkang gadhah angkah badhe nglajengaken sekolah SMA saged katampi ing sekolah ingkang dipunremeni. Kula sakanca nyuwun pangapunten ingkang kathah, bokbilih anggenipun srawung kaliyan raka kelas sanga kirang angggenipun subasita tuwin tata karma.

Wasana kula cekapi atur panampi pamitan menika menawi wonten kiranging atur kula tansah nyuwun ganging pangaksama.

Wassalamuaaikum Wr. Wb.

Nuwun

No comments: