Bismilahir rahmannir rakhim.
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Para siswa sing daktresnani lan tak gadhang-gadhang. Luwih dhisik ayo muji syukur konjuk ngarsane Gusti kang Maha Asih lan Maha Agung, kang tansah maringi berkah marang kabeh titah, kalebu aku, ibu bapak guru lan bocah-bocah,saengga bisa nindakake kegiatan sekolah kanthi ati kang bungah.
Aku minangka kepala sekolah SMA N 1 Sukorejo rumangsa mongkok bombong. Bocah-bocah wis bisa gotong royong tumandang gawe, mengeti dina kang tansah dadi pengeling-eling tumprap bangsa Indonesia yaiku dina kelahiran negara kita.Kamardikan Indonesia minangka asile para leluhur kang berjuang mbebasake bangsa lan negara Indonesia saka cengkeremane penjajah. Kamardikan negara kita kanthi banten jiwa raga. Tanpa wilangan cacahe banten padha gugur mungsuh penjajah kanggo nggayuh kamardikan.
Ing wengi iki prayoga banget dianakake malem tirakatan malem 17 an. Kegiatan iki penting kanggo ngeling-eling para leluhur, para pejuang anggone mbudidaya nggayuh kamardikan. Acara iki kanggo nglimbang-nglimbang sepira gedhe lan luhure lelabuhan kanggo gluwari negara kita saka cengkeremane penjajah.
Menawa jaman semana para pejuang wis ngorbanake jiwa raga kanggo nggayuh kamardikan. Banjur apa kang kudu ditindakake awake dhewe saiki? Kowe kabeh kudu mbudidaya supaya kamardikan kita iki ora uwal maneh. Carane ora kudu perang kaya para leluhur,pejuang 64 taun kepungkur. Kowe kabeh kudu bisa nggunakake lan ngisi kamardikan kanthi becik manut kuwajibane dhewe-dhewe.Amarga kowe kabeh isih sekolah, cukup ngulinakake sinau kanthi sregep lan becik.
Pelajar kuwajibane belajar, sinau sing sregep. Gegayuhan bisa kasembadan menawa disranani pambududaya kanthi temen. Duwe panggayuh kudu digayuh, duwe panjangka kudu dijangkah, marga kepenak iku ora bisa teka dhewe. Dadi siswa aja kakehan sembrana, dolan ora karuwan. Yen kakeyan dolan awak kesel dadine lesu sinau. Wektune entek ora ana wektu kanggo sinau. Yen nonton TV kudu bisa milah lan milih, endi sing prayoga ditonton, endi sing ora pantes ditonton. Tayangan TV ora kabeh migunani. Ana tayangan Tv sing grusak moral. Contone marga nonton TV banjur tiru tingkah polahe. Kamangka sing ditiru iku paraga kang ninggal kasusilan, tundhone dadi rerasanan wong akeh. Bocah, kebo dicacah.Tumprape bocah isih seneng neniru apa sing dideleng sing penting seneng. Mula padhaa sregep sinau supaya dadi wong kang migunani tumprap nusa bangsa. Aja mung migunani kanggo pribadine dhewe.
Welingku kanggo para siswa, aja nganti uwal saka gegayuhan. Kabeh padha ngrasakake yen godhane akeh. Kaanan saiki padha ngumbar kasukan, kadonyan, kanepson, tumindak nuruti karepe dhewe, kala mangsane ninggal kasusilan lan kamanungsan. Tuladhane, merjaya uwong nganggo cara mutilasi. Mrawasa bocah kang durung umur. Njarah rayah lan ngrusak barang-barang sawiyah-wiyah.
Mula pangarep-arepku kanggo para siswa. Kowe mbesuk bakal nggenteni mranata negara lan bangsa iki, idham-idhaman wujud katentreman, karaharjan, keadilan bangsa lan negara iki bisa kasembadan.
Damar mancung, cinupet cukup semene dhisik minangka sesorah ing wengi iki, muga-muga ana manfaate.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
No comments:
Post a Comment