Pages

PIDATO BAHASA JAWA

Assalamualaikum Wr.Wb

Bapak kepala sekolah ingkang kinurmatan, bapak ibu guru dalasan karyawan ingkang kinurmatan, kanca-kanca ingkang sutrisno, sagung para tamu ingkang minulya.
Sumangga kula panjenengan sadaya ngunjukaken syukur dhumateng Allah ingkang sampun kepareng paring rahmat lan hidayah dhumateng kula panjenengan sadaya matemah saged makempal ing papan punika kanthi kebag ing suka basuki.
Bapak ibu ingkang kinurmatan, nyuwun pangapunten kula marak mangarso, nyigeg pangandikan anggen panjenengan nembe wawan pangandikan mugi kepareng kula matur awit asmanipun panitia pengetan ambal warsa dinten kamardikan negari republik Indonesia ingkang kaping 63.
Kangge murwakani atur, kula ngaturaken sugeng rawuh sinawung raos agunging panuwun awit panjenengan sadaya sampun kepareng hanjenengi adicara punika.
Bapak ibu para rawuh ingkang kinurmatan, kanthi pengetan punika sumangga tansah munjuk syukur wonten ngarsanipun Allah SWT awit nugraha ingkang arupi kamardikan ingkang sampun keparingaken dhumateng bangsa Indonesia.
Bapak ibu para rawuh ingkang minulya, sumangga tansah nyenyuwun wonten ngarsanipun gusti ingkang maha kuaos, mugi-mugi para pejuang ingkang seda wonten madyaning palagan tansah pikantuk ganjaran saking ngarsanipun jumbuh kaliyan lelabetanipun.
Salajengipun sumangga kula dalasan panjenengan sadaya tansah ngupadi murih saged nglajengaken idam-idaman ingkang luhur saking para pejuang, kanthi gumregud ngisi kamardikan nindakaken pembangunan jumbuh kaliyan kesagedan saha kewajiban kula panjenengan piyambak-piyambak, murih masyarakat adil lan makmur tumunten saged dipun gayuh dening bangsa Indonesia.
Bapak ibu ingkang kinurmatan kula hangrumaosi bilih anggen kula nanggapi rawuh panjenengan sadaya ing samukawisipun kirang mranani penggalih, mugi kepareng paring sih pangapunten.
Cekap semanten atur kula minangka panitia. Mbok bilih kathah kekirangan kula nyuwun agunging samudra pangaksami. Matur nuwun.

Wassalamualaikum Wr.Wb

No comments: